Ilmu Maca Huruf Sambung

Sadar Mahraj Sadar Tajwid Sejak Dini

Nderes
Nderes

Pergunu DIYNGAGLIK– Huruf hijaiyah iku lengkap ana ing ing Al-Qur’an. Jumlahipun ana wolulikur. Yaiku alif (hamzah), ba, ta, sta, jim, kha, kho, dal, zal, ra, zay, sin, syin shad, dhad, tha, tho, ‘ain, ghain, fa, qaf, kaf, lam, mim, nun, waw, ha’, ya. Huruf  kang cacahe wolu likur iku mau duweni suara khas dewe-dewe. Ana kalane diwaca tipis, kandel, lan ora kandel ora tipis. Yaiku antarane diucapake tipis lan kandel.    

Ngucapake utawa maca huruf iku kudu ceto lan bener. Carane ngerteni panggonan metune suara huruf (maharijul huruf).  Ana seperangan huruf  kang asale sangka krongkongan (gulu), akeh-akehe asal huruf metu sangka lisan, ana kang asale metu sangka lambe, lan ana kang diwaca dawa (mad), uga ana kang diwaca mbrengengeng (ghunnah).

Huruf  kang metu sangka krongkongan diarani huruf  halqiyah. Jumlahe ana nenem. Huruf kang metu sangka lisan diarani lisaniyah. Jumlahe ana walulas. Huruf kang metu sangka lambe diarani syafawiyah. Jumlahe ana papat. Apa wae huruf kang diwaca dawa diarani jaufiyah. Lan apa wae huruf kang diwaca mbrengengng diarani khoisyumiyah. Menawa digunggung cacahe huruf hijaiyah iku mau wolulikur jumlahe.

خغحعهـا – ء
ضيشجكق
طدترنل
ظذثصسز
فومب

Gusti Allah maringi manungsa nikmat kang istimewa. Diperanteni anggota badhan kang sempurna tinimbang kewan, virus lan makhluk liane. Kewan namung bisa ngucapake siji, loro suara. Mbek, cuit-cuit, wek-wek, kukuruyuk, hohoi, lan sak piturute. Manungsa bisa ngucapaken kanti sempurna lan variatif; alif  (a, i, u, a’), ba (ba, bi, bu, bab), tha (ta, ti, tu, tat), ya (ya, yi, yu, yay) lan sakpiturute. Manungsa diperanteni lengkan lan kapinteran. Bisa ngucapa lan maca maneka warna jenis huruf, lafadz, kalimat utawa surat.

Kanti duweni panca indra kang lengkap santri kudu tansah syukur. Carane  netepi perintahe Gusti Allah, koyo dene gelem sinau maca kitab suci. Kanjang Nabi Muhammad saw remen menawa kawulane pada gelem maca Al-Qur’an. Mu’jizat kang den parengake kagem umat manungsa iku minongko gaman lan pepadang sopo wae ing dunya lan akhirat. Al-Qur’an besok bakal nulungi, nyafaati sapa wae kang sregep maca lan ntresnani.    

Dawuhe Gusti Allah, wacanen Al-Qur’an kanti tartil. Yaiku maca kang bener lan pener. Nyocoki makhorijul huruf lan maca kelawan bagus, dawa cendae, ghunnah ikhfa-e lan sak piturute, bittajwid. Maca kanti sadar mahraj lan tajwid.

Supaya bisa maca kanti bener kudu dingerteni ilmune lan diguroake, bit-talaqqi. Disinaoni saben waktu, dilatih, lan dibolan-baleni. Ojo jelehan utawa cilek aten. Kanti telaten, sabar, mboko setitik, mundak sae-mundak sae. Ikumau dalane lan carane ngugemi perintahe Gusti Allah maca Qur’an kanti tartil.

Maca huruf sambung praktikipun ing Al-Qur’an. Wonten ing  juz ‘Amma, juz 30 ana surate cendak-cendak. Termasuk suara-surat ing juz 30 yaiku; QS. Al_Ghasyiah, Al-‘Ala, At-Thariq, Al-Buruj, Al-Insyiqaq, Al-Infithar, At-Takwir, dan ‘Abasa. Surat-surat iku mau prayoga banget rutin diwaca, diapalake lan kena dadi wirid samben dinane. Praktik maca kanti sadar makhraj lan sadar tajwid bisa dilatih. Dilakoni kanti seneng, sabar, lan ajeg iku kuncine. Maca sak huruf wae ing surat bakal direken tikel-matikel ganjarane deneng Gusti Allah. (Diniyah IV/Smt-1)

Penulis Fauzan guru Diniyah Takmiliyah SDNU SLeman Yogyakarta