IMAN DINA KIAMAT

Oleh FAUZAN SPd MAg

Lapang gurun
Lapang gurun

Pergunu DIYPAKEM– Iman yaiku mbenerake, percaya, lan yakin kanti atine, ucapane, uga tumindake utawa pakartine. Bener Allah iku ingkang mujudake bumi lan isine. Bener Rakib Atid iku malaikat kang nyatet tindak tandue manungsa. Bener Al-Qur’an iku kalame Gusti Allah. Bener Muhammad iku nabi lan rasul kang pungkasan. Bener dina kiamat iku ana lan bakal tumeka. Bener ana pepestene kang loro. Yaiku pepesten apik lan pepesten ala. Saking Umar Ra, Kanjeng Nabi Muhammad nate dawuh;

أَنْ تُؤْمِنُ بِاللهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ وَالْيَوْمِ الْأَخِرِ وَتُؤْمِنُ بِالْقَدْرِ خَيْرِهِ وَشَرِهِ

Sira percaya maring Allah, malaikat ipun, kitab ipun, utusan ipun, dina akhir lan percaya qadar bagus lan alan iku karone saking Allah.

Dina kiamat iku perkara gaib. Kiamat uga diarani dina akhir. Gusti Allah piambak kang ngaweruhi kapan tumekane.  Senajan ora ono sing ngerteni kapane ananging kiamat utawa yaumul akhir iku mesti ono lan bakal tumeka. Gambaranipun kiamat ono ing surat Az-Zalzalah.

Yaumul akhir iku dina kang ora ono maneh wektu ing dunya, kabeh podo mati, nuli tangi kabeh, podo golek dalan kumpul massal ing oro-oro kang ombo jembare,  padang mahsyar. Nasibe dodi gowo dewe-dewe, ana sing seneng, ana kang susah, ono sing bejo, ono kang ciloko, ono sing kagolong penduduk suwarga, ono kang kagolong penduduk neroko.

Ing dina kiamat catetane malaikat dibuka. Kabeh tumindae manungsa bakal direken lan ditimbang. Portopolio kabeh manungsa disiapake moloikat Rokib lan Atid kanti rapi lan lengkap. Menawa amal luweh akeh sing apik bakal tinemu suwargo. Kosok balene menawa amale luweh abot  sing olo bakale melebu neroko.

Yaumul akhir utawa dina kiamat acarane lan jenenge pirang-pirang.  Ing ngior iki seperangan jeneng dina kiamat kang tinulis ing Al-Qur’an.

Jeneng kiamat ingkang paling akeh disebut A-Qur’an yaiku yaumul qiyamah, assa’ah, al-akhirah, yaumul akhir, yaumuddin, yaumul fasl, yaumul fath, yaumut talaq, yaumul jami’, yaumul khulud, yaumul khuruj, yaumul ba’ts, yaumut tanad, yamul hasrah, al-waqi’ah, al-qari’ah, lan al-ghasiyah.

Al ghasiyah tegese kabar kiamat, الغاشية. Al-qoriah tegese bencana, القارعة. Al-waqiah tegese dina geden, الواقعة. Yaumul hasrah tegese dina penyealan, يوم الخسر. Yaumud tanad tegese dina panggilan, يوم التناد. Yaumul ba’ts tegese dina tangi, يوم البعث. Yaumul khuruj tegese dina metu, وم الخروج.

Yaumul khulud tegese dina langgeng, يوم الخلود. Yaumul jami’ tegese dina kumpulan, يوم الجميع. Yaumut talaq tegese dina tetemu, يوم التلاق. Yaumul fath tegese dina pengadilan,  يوم الفتح. Yaumul fasl tegese dina keputusan, يوم الفصل. Yaumuddin tegese dina piwales, يوم الدين. Yaumul akhirah tegese dina pungkasan, يوم الاخير.

Assa’ah tegese wektu penentu, الساعة. Yaumul qiyamah, kedadean geden, يوم القيامة. Yaumu hisab tegese dina petung, يوم الحساب. Yaumut taghabun tegese dina kebukae aib, يوم التغبون. Yaumul azifah tegese dina nyedak, يوم الازيفة. Alhaqqah tegese dina kang bener gedene, الحقة.

Penulis guru Diniyah Tamiliyah SDNU Sleman